Minggu, 22 Januari 2012

contoh Puisi Bahasa Jawa


Jarene kowe wong jawa
Lha kok ora ngudi ulah basa
Kamgka keh tandha lan sasmita
Sing bias nuntun tumuju laku utama
                Jarene kowe wong timur
Lha kok ninggal pakarti jujur
                Kamangka ginelar akeh pitutur
                Sing bias nglantarke ing papan luhur
Kanca……gumelare aksara jawa
Pasangan lan sandhangan pranyata aweh cecalan
Wong jawa kudu kende; lan digdaya
Uga lembah manah marang sesame
                Waspadakna…….saaksara wae wis nguwuh cetha
                Sanadyan disuku diwulu dipengkal lan dicakra
                Setiban cecak pepet apadene kegubel sandhangan liya
                Kabeh ora digawe rasa…. E malah saya terwaca
Yen ditulis kudu ngganduhul garis
Kang diarah bebrayan bias tentrem lan aris
Kurmat marang sedulur tuwa
Tresna asih marang kang tumaruna
Isih sinembuh sabdatama
Minangka gondhelan srawung lan kumawula
                Aja dumeh
                Sapa salah saleh
                Becik ketitik ala ketara
                Kalah cacak menang cacak
Yitna yuwana lena kena
                Aja nglungguhi bantal
                Aja ngidoni sumur
Aja mangan ing tengah lawang
Ajaninggal kokoh…..ora ilok
Iku kabeh garan piwulangan pembesut jiwa
Yen nyata kowe wong jawa
Ayo pacak baris kang santosa
Gumregut ngopeni piwulang pamasuh jiwa
Dimen ora ilang kegawa prahara lan
Keremet kejene kalamangsa

Tidak ada komentar:

Posting Komentar

Terima Kasih Komentarnya:)

LinkWithin

Related Posts Plugin for WordPress, Blogger...